Ring ring
BUTIR BUTIR BUDAYA JAWA

Butir-butir Budaya Jawa kaperang dadi loro, arupa:

1. Pituduh

2. Wewaler


Loro-lorone ngandhut 6 perkara:

1. Ketuhanan Yang Maha Esa

2. Kerohanian

3. Kemanusiaan

4. Kebangsaan

5. Kekeluargaan

6. Keduniawian

A. Pituduh
Pituduh kang magepokan karo Ketuhanan Yang Maha Esa, kena kaperang dadi 5 butir:
Pangeran (Tuhan) iku siji lan nyawiji, ana ing endi-endi papan, langgeng, sing nganakake jagad sak isine, dadi sesembahan ing sadengah makluk, nganggo carane dhewe-dhewe.

Pangeran iku ana ing ngendi-endi papan, aneng sira uga ana Pangeran, nanging aja sira wani-wani ngaku Pangeran.

Pangeran iku Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.

Pangeran iku nitahake sira lantaran biyungira, mula kuda sira ngurmati marang biyungira.

Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.

Pituduh kang magepokan karo Kerohanian ana 5 butir:
Ketemu Gusti (Tuhan) iku lamun sira tansah eling.
Cakra manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng)

Kahanan donya iku ora langgeng mula aja ngegungake kasugihan lan drajatira, awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-isini.

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.

Pituduh kang magepokan karo Kemanusiaan, kena kaperang dari 37
butir-butir:

Rame ing gawe sepi ing pamrih,
memayu hayuning bawana.

Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang saumpamane.

Jer basuki mawa beya.

Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe.

Sing sapa lali marang kabecikaning liyan, iku kaya kewan.

Ngundhuh wohing pakarti.

Ajining dhiri dumuning ing kumedaling lathi lan budi.
Yitna yuwana lena kena.
Becik ketitik ala ketara.
Janma tan kena kinira, nanging wenang kinaya ngapa.
Klabang iku wisane ing endhas. Kala jengking wisane ana ing buntut. Yen ula wisane ana ing cangkeme ula kang duwe wisa. Durjana iku wisane ing saranduning badan.
Mulat sarira tansah eling klawan waspada.

Sabeja-bejane kang lali, luwih beja kang eling klawan waspada.

Sing sapa salah seleh.
Nglurug tanpa bala
Sugih ora nyimpen.
Sekti tanpa aji.
Menang tanpa ngasorake.

Rawe-rawe rantas malang-malang putung.

Mumpung anom ngudiya laku utama.

Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu, yen sira gawe kabecikan tulisen ing lemah.

Melik nggendhong lali.

Sing prasaja.

Percaya marang dhiri pribadi.

Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.

Wong mati iku bandhane ora digawa.

Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.

Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.

Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.

Perang tumrap awake dhewe iku lamun ora bisa meper hawa napsu.

Ngelmu iku kelakona kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamon ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna.

Turuten pituture wing tuwa.

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit).

Wong pinter nanging ala tumindake senenge karo wong ala.

Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena pituwase saka penggawene dhewe.

Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.

Wani ngalah luhur wekasane.

Pituduh kang magepokan karo Kebangsaan ana 15 butir:

Bangsa iku minangka sarana kuwating nagara, mula aja nglirwakake kabangsanira pribadi supaya kanugran bangsa kang andana warih.

Negara iku ora guna lamun ora darbe angger-angger minangka pikukuhing nagara kang adhedhasar idikalbune manungsa salumahing negara iku.

Kang becik iku lamun ngerti anane bebrayan agung, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.

Negara bakal tenterem lamun murah sandang pangan, marga para kawula padha seneng nyambut gawe, lan ana panguwasa kang berbudi bawa leksana.

Wadyabala kang seneng kawula alit iku dadi senengane para kawula sajroning praja, gawe kukuh sarta tamenging negara.

Para mudha aja ngungkurake kawruh kang nyata, amrih karya ungguling bangsa lan bisa gawe rahayuning sasama.

Panguwasa iku kudu gawe tentrem para kawulane, amarga yen ora mangkono bisa kawula ngrebut negara.
Negara kuwat iku marga kawulane seneng uripe lan disuyudi wadyabalaning negara.

Lamun sira dadi wadyabalaning negara, aja sira dhemen kuwasa dhewe, jalaran ing tembe bakal ana wong kang ngalahake sira, yen sira wus ora kasinungan maneh. Dene wadyabala kang kepengin kuwasa marga sing mengku negara ora darbe watak ber budi bawa leksana, iku bakal dadi tetungguling prajurit negara kuwi.

Yen wong becik kang kuwasa, kabeh kang ala didandani lamun kena, dene yen ora kena disingkirake mundhak nulari (cuplak andheng-andeng umpamane).

Wataking manungsa iku kepengin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringi panguwasa miturut kersane Pangeran Pribadi.

Janma iku tan kena kinira kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.

Perang iku becik lamun tujuane nggayuh kamardikaning negara lan bangsane, lan perang iku ala lamun kanggo njarah rayah darbeking liyan.

Wong ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik. Kosok baline yen wong becik kang kuwasa, kang besik iku kang ditindakake.

Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani.

Pituduh kang magepokan karo Kekeluargaan kaperang ana 14 butir:

Bapa biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.

Sing sapa lali marang wong tuwane presasat lali marang Pangeran. Ngabektiya marang wong tuwa.

Wong tuwa kang ora ngudi kabecikan sarta ora ngerti marang udanegara (trapsila, unggah-ungguh) lan tatakrama, ku sejatine dudu panutane putra wayah.

Sing sapa seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedhaki nanging aja ditresnani.

Sadumuk sanyari bumi ditohi pati.

Mikul dhuwur mendhem jero.

Ora ana katresnan kang ngluwihi katresnane wong tuwa marang anak.

Tresna marang mantu iku padha bae tresna marang putra, jalaran putu iku saka katresnane putra lan mantu.

Anak iku minangka terusane wong tuwa.

Sayojana iku dohe sepuluh ewu depa, swara kang krungu nganti sayojana aruming jeneng ngabar-ambar salumahing bumi.

Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo manita kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang bisa gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonaki kawibawane.

Tangga iku padha karo bapa biyung.
Tangga kang ora becik atine aja dicedhaki, nanging aja dimungsuhi.

Golek jodho aja mung mburu endahing warna, senajan ayu utawa bagus, yen atine durjana, ora wurung disiriki liyan.

Pituduh kang magepokan karo Keduniawian ana 9 butir:

Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya, lan saka pametu sejene kang ora ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu duwekeing liyang kang kawruhan sing duwe.

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.

Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa.

Wong golek kemakmuran iku ora kalebu kadonyan.
Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala.

Wong urip aja tansah kepengin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing samangsa-mangsa bisa gawe cilaka.

Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman. Sing sapa ngegungake bandhane, wirang lamun sirna bandhane.

Dhek jaman kuna perang iku rebutan bandha, negara lan mboyong putri.Nanging jaman iku wis ilang bareng wis ngerti menawa wanita boyongan mau bisa gawe ringkihing negara.

B. Wewaler

Wewaler kang megepokan karo Ketuhanan Y.M.E. ana 3 werna:

Aja ndhisiki kersa

Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bebendu saka Kang Murbeng Dumadi

Aja mung kelingan barang kang katon wae, seab kang katon gumelar iki anane malah ora langgeng.

Wewaler kang magepokan karo Kerohanian ana 4 werna:

Aja darbe pangira yen lelembut iku mesthi alane, jalaran sing apik uga ana, ora beda karo manungsa

Aja lali saben ari eling marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah katunggon Pangeran.

Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru Sejatinira.

Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing bener dhewe.

Wewaler kang megepokan karo Kemanusiaan ana 47 werna:

Aja lali marang kabecikaning liyan.

Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.

Aja rumangsa bener dhewe, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe

Aja wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel.

Aja gawe seriking ati liyan.

Aja golek mungsuh

Aja sira mulang gething marang liyan jalaran iku bakal nandur cecongkahan kang ora ana wusanane.

Aja ngumbar hawa napsu, mundhak sengsara uripmu.

Aja melik darbeking liyan.

Aja cidra ing janji

Aja dumeh

Aja kumalungkung

Aja kumingsun

Aja gumedhe

Aja ngrusak pager ayu

Aja dahwen

Aja drengki

Aja kuminter.

Aja ambeg siya.

Aja ngece wong ora duwe.

Aja kegedhen rumangsa.

Aja adigang-adigung-adiguna

Aja nggege mangsa

Aja nampik rejeki

Aja panasten.

Aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating demit.

Aja seneng yen dialem, aja sengit yen cinacad.

Aja lali piwulang becik.

Aja aweh kasekten marang durjana.

Aja lali marang kahanan kang marakake perang, jalaran yen sira tansah lali bakal tansah ana perang bae.

Aja selingkuh.

Aja seneng madon

Aja seneng main

Aja seneng maido

Aja seneng madad

Aja seneng nyaru

Aja bosenan/jelehan.

Aja nggebyah uyah padha asine

Aja dadi wong pinter keblinger

Aja mung tuwa tuwas

Aja golek menange dhewe

Aja gampang kelu ing swara

Aja taberi utangan

Aja seneng royal

Aja pisan nacad liyan, ora ana wong kang ora cacad

Aja wedi marang penggawe becik, lan wani marang penggawe ala.

Aja seneng nggampangake.

Wewaler kang magepokan karo Kebangsaan ana 2 werna:

Aja seneng yen lagi darbe panguwasa, lan aja serik yen lagi ora darbe panguwasa, jalaran kuwi ana bebendune dhewe-dhewe.

Aja mung kepengin menange dhewe kang bisa marakake arahing nagara lan bangsa
PITUTUR LUHUR
anane tak wenehi irah-irahan 'ngelmu urip' amarga 'ngelmu jawa' iku pancadane babagan nglakoni uriptumraping manungsa ana ing ngalam donya. fokus utamane tumuju nglakoni urip sing bener, becik lan pener murih bisa 'titis...
Kanggo gagaran nyumurupi manunggale KAWULA GUSTI, apa dene pratikele supaya bisa damang gelare Sastra Cetha, yaiku tulisan kang nyata, tulisan kang muni dewe tanpa diwaca yaiku blegere urip. .... kulo nyuwun pirso nopo njenengan gadha kitab dewa ruci utawi buku kebatinan jawi?kulo gadha angen2 ndamel perpus digital sastra jawa lan sak panunggale namung kulo kekirangan bahan mbok menawi kulo saged kantuk photocopy buku2 jawi menawi njenengan nyimpen...
Ing sarehning dasare ngelmuana ing kene ana gandheng gaibing Widhi, gelarane banjur sambung rapet karo prakara uriplan pauripan alandesan katerangan iku, tembung cangkok lan isine mau kajaba bisa kaumpama kanggo negesi blegering...
Mulane mumpung kito isih GESANG ( urip). Ayo podho NGUDI NGELMU kang SANYOTO ing endi lungguhing ELMU margane poro Sanak Kadang samiyo NGUDI TUWUH kudu TUMINDAK : SAROJO, TRISNO, SETYO, TUHU, PRASOJO lan UTOMO Jerjering Manungso....
Kepingin urip mewah. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka. Wong bener thenger-thenger. Wong salah bungah. Wong apik ditampik-tampik. Wong jahat munggah pangkat. Wong agung kasinggung. Wong ala kapuja. Wong wadon ilang kawirangane.... Akeh wong ngedol ngelmu. Akeh wong ngaku-aku. Njabane putih njerone dhadhu. Ngakune suci, nanging sucine palsu. Akeh bujuk akeh lojo. Akeh udan salah mangsa. Akeh prawan tuwa. Akeh randha nglairake anak....
Jebul lelampahanipun raos-raos punika miturut aturan alam. Yen sumerep aturan alam wau, tiyang lajeng tumindak miturut aturan alam wau lan raosipun beja
PITUTUR LUHUR 2Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan. Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura. Perang tumrap awake dhewe iku lamun ora bisa meper hawa napsu. Ngelmu iku kelakona kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamon... Wong golek kemakmuran iku ora kalebu kadonyan. Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala. Wong uripaja tansah kepengin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing...
Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura. Perang tumrap awake dhewe iku lamun ora bisa meper hawa napsu. Ngelmu iku kelakona kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamon ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa ....Aja lali piwulang becik. Aja aweh kasekten marang durjana. Aja lali marang kahanan kang marakake perang, jalaran yen sira tansah lali bakal tansah ana perang bae. Aja selingkuh. Aja seneng madon Aja seneng main...
Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura. Perang tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu. Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora ..... esthine nggawe hikmah lan piwulangbecik tumraping wong kang ahli budi. Awit saka samubarang kang ora becik kang dilakoni wong bodho dening para ahli budi banjur kari ngemohi lan dadi pandoming urip kang perlu disiriki lan...
Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura. Perang tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu. Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora ...... Wong urip ing alam bebrayan iku yekti angel, kudu bisa ngereh pakone "si aku", aja nggugu karepe dhewe lan nuruti hawa napsu. Luwih-luwih ing dina samengko, alam bebrayan donya tansah kebak pradhondhi, silih ungkih, rebutan benere...
Laku lan paugeran mistik wis ajur-ajer kalawan urip lan panguripane wong Jawa. Mistik Sri lan Sadono iki ing tradhisi kejawen sabanjure ninggalake keyakinan lan tradhisi patung cilik aran Lara Blonyo. Dene piwulang lan paugeran kuna kang... Ya Ajisaka iki kang sabanjure dadi saka guru ngelmune wong Jawa. Ajisaka didunungake minangka tokoh kang mulangake kejawen ndeles utawa asli. Bebrayan kejawen kang maneka rupa lan warna, ngasilake maneka warna golongan lan tradhisi...
wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat. cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri. dhahat = banget, sangat. mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh. ginunggung = gunggung + in = dibombong, dibesarkan hatinya.... ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wongngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, denarani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, papancene priyangga....
kamulyan lan kanikmataning urip wong-wong kang sugih dituku mawa tangising rakyat kang mlarat.
PITUTUR LUHUR 3Kanthi mateni raga, kanthi mati sajroning urip, mengkone bakal bisa nggayuh urip sajroning pati. Yen wis bisa mengkono, nadyan kudu ngadhepi ura-ara kaya ngapa wae mesthi ora bakal gampang kelune.Kanthi mangkono uga, ora bakal angel... Yen wis kedunungan melik, adhakane banjur lali marang sakabehing pepacuh lan pitutur.Kontrol dhiri, temene uga bisa ditindakake kanthi "ngilo githoke dhewe". Paradoks kesane. Sebab, ing tata lair, piye bisane wong ngilo marang githoke...
pitutur pak kyai. Manungso uripning alam dunyo wajib usaha kelawan dungo hasil ora maksud kang disejo gumantung kersone sing kuoso manungso urip dititah podo urusan bondo dijatah bedo mulo ati kudu tansah nerimo ora usah meri mreng sepodo- podo akeh wong stres mergo uripe rak beres tansah ngresulo atine ngongso rino wengi mburu dunyo lali agomo ojo podo ngongso ndak gelis tuwo wong yen nerimo umure dowo
WEWARAH LIMO
Wewarah Jawa kang adiluhung asring karacik awujud tembang kang edi peni. Kejaba minangka karya sastra kang endah, kanthi wujud tembang bisa luwih rumesep ing ati. Minangka conto,Serat Kalatidha karyane pujangga agung RNg Ranggawarsita (1802-1874 M) diracik wujud tembang Sinom, dumadi saka sapupuh pambuka lan 12 pupuh isine. Pupuh kapitu Serat Kalatidha iki, katelah jaman Edan.
Kejaba iku, supaya ora gampang kececer lan tansah cumanthel ing ati, wewarah Jawa uga asring karacik awujud tembung utawa ukara kang gampang dieling-eling. Minangka conto, keparenga aku ngaturake wewarah Jawa lima kang karacik kanthi tembung utawa ukara sarwa lima, sing dak sebut Panca Wewarah :

MA-LIMA

Uripe manungsa bakal nistha lan cilaka yen nganti keblasuk nindakake pakarti Ma-Lima. M-ain(ngabotohan), m-adon(zina, slingkuh, royal),m-inum(ndem-deman inuman keras), m-adat(ndem-ndeman candu, narkoba, ganja),m-aling(colong jupuk, korupsi).

LIMA-A

Uripe manungsa bakal mulya yen bisa ngugemi lan ndarbeni Lima-A:Pusak-a(cekelan, gaman, pandom, paugeran urip, yaiku agam-agarw-a(sigaraning nyawa, bojo, kang bisa nentremake urip),turangg-a(panggaotan, tetumpakan, pagaweyan kanggo luru kebutuhan ngaurip), wism-a (papan pangeyube urip),kukil-a(panglipur, barang-barang seni, sarana kanggo nglandhepake rasa pangrasa).

BA-LIMA

Wong yen arep milih anak mantu, ukuran ideale Ba-Lima:B-ibit(keturunan saka keluwarga kang becik),b-abad (riwayate urip tanpa cacat, ora nate tumindak nistha), b-ebed(lantip, pinter, cerdas),b-ebed(bregas, bagus, ora crobo),b-obot(cekel gawe, tanggung jawab, mapan, ora lonthang-lanthung).

MA-LIMA

Kewajibane wong wadon marang garwane iku Ma-Lima, supaya tentrem bale wismane. M-acak(tansah tampil bregas, resik, wangi sedhep, ora nglomprot), m-asak (ngladeni dhaharan kang nyocoki selerane garwa), m-lumah(aja wegah/ogah-ogahan gladeni garwa), m-anak(kudu siap lan rila nglairake anak), m-radani(bisa ngrumat omah kanthi becik, resik, endah).

LIMA-E

Wong urip ana ing alam donya iku ora kalis saka rubeda lan pacobaning urip. Kanggo ngadhepi rubeda lan pacobaning urip iki, Cak Nun, Kyai beling saka Jombang paring wewarah marang umat Muslim sing disebut Tamba-Ati, kang dumadi saka limang perkara, yaiku Lima-E.
Maca Al Qur'an sakmaknan-e (maca, mangerteni lan ngamalke Al Qur'an), zikira kangsuw-e (tansah eling lan memuji marang Allah SWT), sholat wengi ajasup-e(tansah sholat sunnah tahajud), prihatina kanthi padharan kang luw-e(tansah pasa sunnah),sarta kumpulana wong kang becik ing panggaw-e(caketana lan tansah nyuwun pitedah marang wong kang soleh).
[ H O M E ]