Pair of Vintage Old School Fru
MOCOPAT

URUT URUTANE TEMBANG MOCOPAT
Urut-urutane tembang mocopat iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkene urut-urutane tembang kaya kang tak aturake ing ngisor iki :
  • Maskumambang
    
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
  • Mijil
    ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
  • Kinanthi
    saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
  • Sinom
    tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
  • Asmaradana
    tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  • Gambuh
    saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduwenirasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  • Dandanggula
    Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang igayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
  • Durma
    Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuhrasa kepengin darma / weweh marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
  • Pangkur
    Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.
  • Megatruh
    Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  • Pocung / Pucung
    Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.
    ISTILAH ISTILAH ING MOCOPAT
  • - Pada :Cacahing larikan saben gatra.
  • - Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Ind : bait).
  • - Guru wilangan : wilangan wanda (Ind : suku kata) saben gatra.
  • - Guru lagu : tibane swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
  • PERANGANE TEMBANG MOCOPAT
  • Guru gatra
  • Guru wilangan
  • Guru lagu

  • Maskumambang 4 12, 6, 8, 8i, a, i, a, a
    Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6i, o, e, i, i,u
    Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12a, i, a, i, i, u,a,i, a
    Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8u, i, a, i, a, i
    Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8a, i, e, a, a, u, a
    Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8u, u, i, u, o
    Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7i, a, e, u, i, a, u,a,i, a
    Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7a, i, a, a, i, a, i
    Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8a, i, u, a, u, a, i
    Megatruh 4 12, 8, 8, 8u, i, u, i, o
    Pucung 4 12, 6, 8, 12u, a, i, a


    TULADHA

  • SINOM
    Pangeran kang sipat murah (8/a)
    Njurungi kajating dasih (8/i)
    Ingkang temen tinemenan (8/a)
    Pan iku ujaring dalil (8/i)
    Nyatane ana ugi (7/i)
    Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
    Wiwitane nenedha (7/a)
    Tan pedhot tumekeng siwi (8/i)
    Wayah buyut canggah warenge kang tampa (12/a)

  • DANDANGGULA
    Eling-eling pra kadang den eling (10/i)
    Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
    Bebasan mung mampir ngombe (8/e)
    Cinecep nulya wangsul (7/u)
    Mring asale sangkane nguni (9/i)
    Begja kang wus pana (7/a)
    Sangkan paranipun (6/u)
    Dedalan kang den ambah (8/a)
    Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
    Sejatining kasidan (7/a)

  • KINANTHI
    Padha gulangen ing kalbu (8/u)
    Ing samita amrih lantip (8/i)
    Aja pijer mangan nendra (8/a)
    Kaprawiran den kaesthi (8/i)
    Pesunen sariranira (8/a)
    Sudanen dhahar lan guling (8/i)

  • ASMARADHANA
    Anjasmara ari mami (8/a)
    Masmirah kulaka warta (8/a)
    Aneng kuta Probolinggo (8/o)
    Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
    Kariya slamet wong ayu (8/u)
    Pun kakang pamit palastra (8/a)

  • MEGATRUH
    Sigra milir sang gethek
    sinanggga bajul (12/u)
    Kawan dasa kang njagani (8/i)
    Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
    Sinangga ing kanan kering (8/i)

    [ H O M E ]