ASTHABRATA

kaserat ing Serat Rama Jarwa. Nalika semanten, awit asor ing jurit, Rahwana raja Alengka gugur ing Palagan. Raden Wibisana kaangkat dados Raja Alengka. Ing Pahargyan Rama Wijaya paring pitutur supados Raden Wibisana dados raja ingkang wicaksana, saged dados pangayoming kawula. Pituturing Rama Wijaya ing tembang macapat pangkur, kagambaraken sifating Pangembating Praja kados sifat Bathara Indra, Yamadipati, Surya, Bayu, Kuwera, Brama, Candra, lan Baruna.
  • Bathara Indra
    Dewaning Jawah. Tansah paring menapa ingkang dipun betahaken ing alam ndonya, paring kasejahteraan ugi paring jawah ing bumi.

  • Bathara Yamadipati
    Dewaning Panjabut Nyawa ingkang tansah mbasmi sedaya tindak tanduk awon.

  • Bathara Surya
    Dewaninig Surya (Srengenge). Kagungan sifatnya alon, mboten grusa-grusu, sabar, welas asih lan wicaksana.

  • Bathara Candra
    Dewaning kekaleman ingkang tansah tumindak lembut, sumeh lan sabar dumateng sinten kemawon

  • Bathara Bayu
    Dewaning Angin. Ingkang saged mlebet sedaya panggenan. Sedaya kesaenan saha ingkang piawon saged dipun mangertosi. Saged mangertos sedaya kedadosan lan ugi saged paring katentreman.
  • Bathara Kuwera
    Dewa Kasugihan. Sifatipun ulet makarya angumpulaken bandha donya kangge katentreman lan kacekapan dhumateng sedaya kawula.

  • Bathara Baruna
    Dewaning Samodra. Sifating Samodra saged ngempalaken ilineng toya nanging mboten luber. Saged nampi sedaya kasaenan lan piawon, tansah sabar, kathahing pangetosan, kadosdene jembaripun samodra.

  • Bathara Brama
    Dewaning Geni (Latu). Sifat Geni ingkang saged mbakar, damel risak menapa kemawon, nanging saged damel pepadhang ing dalu. Bathara Brama saged mbasmi musuh lan sedaya piawon nanging ugi damel pepadhang ingkang nembe pikantuk pacoban.
    SERAT JAKALODANG
    1.

    Jaka Lodhang gumandhul,
    aneng ngepang ngethengkrang sru muwus,
    eling-eling pasthi karsaning Hyang Widdhi,
    gunung mendhak jurang mbrenjul,
    ingusir praja prang kasor.

    2.

    Nanging awya keliru,
    sumurupa kandha kang tinamtu,
    nadyan mendhak-mendhaking,
    gunung wus pasthi,
    masih katon tabetipun.
    beda lawan jurang gesong.

    3.

    Nadyan bisa mbarenjul,
    tanpa tawing enggal jugrugipun,
    kalakone karsaning Hyang wus pinasthi,
    yen ngidak sangkalanipun,
    sirna tata esthining wong.

    4.

    Sasedyane tanpa dadya, sacipta-cipta tan polih,
    kang raraton-raton rantas,
    mrih luhur asor pinanggih,
    bebendu gung nekani,
    kongas ing kanisthanipun,
    wong agung nis gungira,
    sudireng wirang jrih lalis,
    ingkang cilik tan polih ring cilikira.

    5.

    Wong alim-alim pulasan,
    njaba putih njero kuning,
    ngulama mangsah maksiyat,
    madat madon minum main,
    kaji-kaji ambanting,
    dulban kethu putih mamprung,
    wadon nir wadonira,
    prabaweng salaka rukmi,
    kabeh-kabeh mung marono tingalira.

    6.

    Para sudagar ingargya,
    jroning jaman keneng sarik,
    marmane saisining rat,
    sangsarane saya mencit,
    Nir sad esthining urip iku ta sangkalanipun,
    pantoging nandhang sudra,
    yen wis tobat tanpa mosik,
    sru nalangsa narima ngandel ring Suksma.

    7.

    mBok Parawan sangga wang duhkiteng kalbu,
    Jaka Lodhang nabda malih,
    nanging ana parmanipun,
    ing weca kang wus pinasthi,
    esthinen murih kalakon.

    8.

    Sangkalane maksih nunggal jamanipun,
    neng sajroning madya akir,
    Wiku sapta ngesthi ratu,
    ngadil parimarmeng dasih,
    ing kono karsaning Manon.

    9.

    Tinemu wong ngantuk nemu kethuk,
    malenuk samargi-margi,
    marmane bungah kang nemu,
    marga jroning kethuk isi,
    kancana sosotya abyor.
    SERAT KALATIDHA
    Serat Kalatidha ingkang dipun anggit pujangga agung Raden Ngabehi Ronggowarsito, anggambaraken kawontenan ing jaman mangu-mangu. Umat manungsa tansah mangu-mangu awit kawontenan ing ndoya ingkang mboten wonten pesthenipun, ingkang kaserat ugi minangka jaman edan.

    1.

    Mangkya darajating praja,
    kawurjan wus sunya ruri,
    rurah pangrehing ukara,
    karana tanpa palupi,
    ponang paramengkawi,
    kawileting tyas malatkung,
    kongas kasudranira,
    tidhem tandhaning dumadi,
    ardayengrat dening karoban rubeda.

    2.

    Ratune ratu utama,
    patihe patih linuwih,
    pra nayaka tyas raharja,
    panekare becik-becik,
    parandene tan dadi,
    paliyasing Kalabendu,
    malah sangkin andadra,
    rubeda kang ngreribedi,
    beda-beda ardane wong sanagara,

    3.

    Katatangi tangisira,
    sira sang paramengkawi,
    kawileting tyas duhkita,
    kataman ing reh wirangi,
    dening upaya sandi,
    sumaruna anarawung,
    pangimur manuara,
    met pamrih melik pakolih,
    temah suha ing karsa tanpa weweka,
    4.

    Dhasar karoban pawarta,
    babaratan ujar lamis,
    pinudya dadya pangarsa,
    wekasan malah kawuri,
    yen pinikir sayekti,
    pedah apa aneng ngayun,
    andhedher kaluputan,
    siniraman banyu lali,
    lamun tuwuh dadi kakembanging beka.

    5.

    Ujaring panitisastra,
    awawarah asung peling,
    ing jaman keneng musibat,
    wong ambek jatmika kontit,
    mengkono yen niteni,
    pedah apa lalawora,
    mundhak angraranta ati,
    angurbaya ngiketa cariteng kuna,

    6.

    Keni kinarya darsana
    penglimbangan ala lan becik,
    sayekti akeh kewala,
    lalakon kang dadi tamsil,
    masalahing ngaurip,
    wahananira tinemu,
    temahan anarima,
    mupus papasthening takdir,
    puluh-puluh anglakoni kaelokan.

    7.

    Amenangi jaman edan,
    ewuh aya ing pambudi,
    melu edan nora tahan,
    yen tan melu anglakoni,
    boya kaduman melik,
    kaliren wekasanipun,
    dilalah karsa Allah,
    begja-begjane kang lali,
    luwih begja kang eling lan waspada.

    8.

    Samono iku bebasan,
    padu-padune kepengin,
    bener ingkang angarani,
    nanging sajroning batin,
    sajatine nyamut-nyamut,
    wis tuwa arep apa,
    nuhung mahasing asepi,
    supayantuk parimarmaning Hyang Sukma.

    9.Beda lan kang wus santosa,
    kinarilan ing Hyang Widdhi,
    satiba malanganeya,
    tan susah ngupaya kasil,
    saking mangunah prapti,
    PAngeran paring pitulung,
    marga samaning titah,
    rupa sabarang pakolih,
    parandene masih taberi iktiyar.

    10.

    Sakadare linakonan,
    mung tumindak mara ati,
    angger tan dadi prakara,
    karana wirayat muni,
    ihtiyar iku yekti,
    pamilihe reh rahayu,
    sinambi budi daya,
    kanthi awas lawan eling,
    kang kaesthi antuka parmaning Suksma.

    11.

    Ya Allah, ya Rasulullah,
    kang sipat murah lan asih,
    mugi-mugi aparinga,
    pitulung ingkang nartani,
    ing alam awal akhir,
    dumununging gesang ulun,
    mangkya sampun awredha,
    ing wekasan kadi pundi,
    mila mugi wontena pitulung tuwan.

    12.

    Sageda sabar santosa,
    mati sajroning ngaurip,
    kalis ing reh aru-ara,
    murka angkara sumingkir,
    tarlen meleng malatsih,
    sanityasa tyas mamasuh,
    badharing sapudhendha,
    antuk mayar sawatawis,
    borong angga suwarga mesi martaya.
    SERAT SABDAJATI
    1.

    Aywa pegat ngudia ronging budyayu,
    margane suka basuki,
    dimen luwar kang kinayun,
    kalis ing panggawe sisip,
    ingkang taberi prihatos.

    2.

    Ulatana kang nganti kisa kapangguh,
    galedhahen kang sayekti,
    talitinen aywa kleru,
    larasen sajroning ati,
    den tumanggap dimen manggon.

    3.

    Pamanggonane aneng pangesthi rahayu,
    angayomi ing tyas wening,
    eninging ati kang suwung,
    nanging sajatine isi,
    isine cipta kang yektos.

    4.

    Lakonana kalawan sabaring kalbu,
    yen den obah neniwasi,
    kasusupan setan gundhul,
    ambebedhung nggawa kandhi,
    isine rupiyah keton.

    5.

    Lamun kongsi korup mring panggawe dudu,
    dadi pakuwoning eblis,
    klebu mring alam pakewuh,
    ewuh pana ninging ati,
    temah wuru kabesturon.

    6.

    Nora kengguh mring pamardi reh rahayu,
    ayuning tyas sipat kuping,
    kinepung panggawe rusuh,
    lali pasihaning Gusti,
    ginuntingan kaya mernos.

    7.

    Parandene kabeh kang samsya andulu,
    ulap kelilipen wedhi,
    akeh wong kang padha sujud,
    kinira yen Jabaril,
    kautus dening Hyang Manon.

    8.

    Yen kang uning marang sajatining kawruh,
    kewuhan sajroning ati,
    yen tan niru ora arus,
    uripe kaesi-esi,
    yen nirua dadi asor.

    9.

    Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,
    anggelar sakalir-kalir,
    kalamun temen tinemu
    kabegjane anekani,
    kemurahaning Hyang Manon.

    10.

    Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun,
    yen tementemen sayekti,
    Allah aparing pitulung,
    nora kurang sandhang bukti,
    saciptanira kalakon.

    11.

    Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur,
    saka mangunahing Widdhi,
    ambuka warananipun,
    aling-aling kang ngalingi,
    angalingkap temah katon.

    12.

    Para janma sajroning jaman pakewuh,
    kasudranira andadi,
    daurune saya ndarung,
    keh tyas mirong murang margi,
    kasetyan wus ora katon.

    13.

    Katuwone winawas dahat matrenyuh,
    kenyaming sasmita yekti,
    sanityaseng tyas malatkung,
    kongas welase kapati,
    sulaking jaman prihatos.

    14.

    Waluyane benjing yen wis ana Wiku,
    memuji ngesthi sawiji,
    sabuk lebu lir majenun,
    galibedan tudang-tuding,
    anacahken sakehing wong.
    SERAT SABDATAMA
    1.

    Rasaning tyas kayungyun,
    angayomi lukitaning gambuh,
    gambir wana kalawan eninging ati,
    katenta kudu pitutur,
    sumingkir ing reh tyas mirong

    2.

    Den Samya amituhu,
    ing sajroning jaman kalabendu,
    yoga sami nyunyuda ardaning ati,
    kang manuntun mring pakewuh,
    uwohing panggawe awon.

    3.

    Ngajapa tyas rahayu,
    ngayomana sasameng tumuwuh,
    wahanane ngendhak angkara kalindhih,
    ngendhangken pakarti dudu,
    dinuwa luwar tibeng doh.

    4.

    Beda kang ngaji pupung,
    nir waspada rubedane tutut,
    akikinthil tan anggop anggung tut wuri,
    tyas riwut rawat dauru,
    korup sinerung ing goroh.

    5.

    Ilang budayanipun,
    tanpa bayu weyane ngalumpuk,
    saciptaning wardaya ambebayani,
    ubayane nora payu,
    kari kataman pakewuh.

    6.

    Rong asta wus katekuk,
    kari ura-ura kang pakantuk,
    Dhandhang gula lagu palaran sayekti,
    ngleluri para leluhur,
    abot sihing swami karo.
    7.

    Galap gangsuling tembung,
    Ki Pujangga panggupitanipun,
    rangu-rangu pamangunipun reh arjanti,
    tinanggapan prana tambuh,
    katenta nawung prihatos,

    8.

    Wartane para jambur,
    pamawasing para wasita tanpa wus,
    wahanane jaman owah angowahi,
    yeku sangsaya pakewuh,
    ewuh aya kang linakon.

    9.

    Sidining kalabendu,
    saya ndadra ardaning tyas limut,
    ora kena sinirep limpading budi,
    lamun durung mangsanipun,
    malah sumuke angradon.

    10.

    Tatane tumruntun,
    panuntuning tyas angkara antuk,
    kaladesa wenganing karsa kaeksi,
    limut kalimput angawut,
    mawut sanggyaning dumados.

    11.

    Ing antara sapangu,
    pangungaking kaanan wus mirut,
    morat-marit panguripaning sasami,
    sirna katentramanipun,
    wong ndrasa sa-nggon-enggon.

    12.

    Kemat isarat lebur,
    bubur tanpa daya kabarubuh,
    paribasan tidhem tandhaning dumadi,
    begjane ula daulu,
    cangkem silite anyaplok.

    13.

    Dhungkari gunung-gunung,
    kang geneng-geneng padha jinugrug,
    parandene tan ana kang nanggulangi,
    wedi kalamun sinembur,
    upase lir wedang uwoh.

    14.

    Kolongganing kaluwung,
    prabanira kuning, abang, biru,
    sumurupa iku mung soroting warih,
    wewarahe para Rasul,
    dudu jatining Hyang Manon.

    15.

    Supaya padha emut,
    amawasa benjang jroning jaman,
    windu kuning kono ana wewe putih,
    gagamane tebu wulung,
    arsa angrabaseng wedhon.

    16.

    Rasane wus karasuk,
    kesuk lawan kalamangsanipun,
    kawisesa kuwasanira Hyang Widdhi,
    wahyaning wahyu tumelung,
    tulus tan kena tinegor.

    17.

    Karkating tyas katuju,
    jibar-jibur adus banyu wayu,
    yuwanane turun tumurun tan enting,
    liyan praja samya rujuk,
    keringan saenggon-enggon.

    18.

    Tatune kabeh tuntum,
    lelarane waluya sadarum,
    tyas prihatin ginantya suka mepeki,
    wong ngantuk anemu kethuk,
    jro mesi dinar sabokor.

    19.

    Amung padha tinumpuk,
    nora nana rusuh colong jupuk,
    rajakaya cinancangan aneng njawi,
    tan ana nganggo tinunggu,
    parandene tan cinolong.

    20.

    Diraning durta katut,
    anglakoni ing panggawe runtut,
    tyase katrem kayoman ayuning budi,
    budyarja marjayeng limut,
    amawas pangsthi awon.

    21.

    Ninggal pakarti dudu,
    kadarpaning parentah ginugu,
    mring pakaryan saregep temen nastiti,
    ngisor dhuwur tyase jumbuh,
    tan ana waon-winaon.

    22.

    Ngatani sapraja gung,
    keh sarjana sujana ing kewuh,
    nora kewran ing wicara agal alit,
    pulih duk jaman rumuhun,
    tyase teteg teguh tanggon.
    SERAT TRIPAMASerat Tripama anggitanipun Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adipati Mangkunagara IV ing Surakarta. Dipun serat watawis taun 1860 - 1870.
    Serat Tripama anggambaraken tuladhaning prajurit ingkang kawedhar wonten ing 7 (pitung) pada pupuh dandanggula. Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adipati Mangkunagara IV, kanthi serat tripama paring tuntunan dhumateng para prajurit ing pangembating praja.

    1.

    Yogyanira kang para prajurit,
    lamun bisa sira anuladha,
    duk ing uni caritane,
    andelira sang prabu,
    Sasrabahu ing Maespati,
    aran patih Suwanda,
    lelabuhanipun,
    kang ginelung tri prakara,
    guna kaya purun ingkang den antepi,
    nuhoni trah utama

    2.

    Lire lelabuhan tri prakawis,
    guna bisa saniskarenga karya,
    binudi daja unggule,
    kaya sayektipun
    duk bantu prang manggada nagri,
    amboyong putri domas,
    katur ratunipun,
    purune sampun tetela,
    aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri,
    Suwanda mati ngrana,

    3.

    Wonten malih tuladhan prayogi
    Satriya gung nagari Ngalengka
    Sang Kumbakarna aran?/font>
    Tur iku warna diyu
    Supranden?nggayuh utami
    Duk wiwit prang Ngalengka
    D?ya darb?atur
    Mring raka amrih raharja
    Dasamuka tan k?uh ing atur yekti
    D??mungsuh wanara

    4.

    Kumbakarna kin? mangsah jurit
    Mring kang raka sira tan nglenggana
    Nglungguhi kasatriyan?/font>
    Ing tekad datan sujud
    Amung cipta labuh nagari
    lan nolih yayah rena
    Myang leluhuripun
    Wus mukti an?g Ngalengka
    Mangk?arsa rinusak ing bala kapi
    Pun ugi mati ngrana

    5.

    Wonten malih kinarya palupi
    Suryaputra Narpati Ngawangga
    Lan Pandawa tur kadang
    Lan yayah tunggil ibu
    Suwita mring Sang Kurupati
    An?g nagari Ngastina.
    Kinarya gul-agul.
    Manggala golonganing prang.
    Bratayuda ingadegken S?apati
    Ngalaga ing kurawa

    6.

    D? mungsuhken kadang? pribadi,
    Aprang tanding lan Sang Dananjaya,
    Sri Karna suka manah?
    Anggonira pikantuk,
    Marga d?ya arsa males sih,
    Mring Sang Duryudana,
    Marmanta kalangkung,
    D?ya ngetog kasudiran,
    Aprang ram?Karna mati jinemparing,
    Sumbaga wiratama

    7.

    Katri mangka sudarsan?g Jawi,
    Pantes sagung kang para prawira,
    Amirita sakadar?
    Ing lelabuhanipun,
    Aywa kongsi buang palupi,
    Menawa tibeng nistha,
    ina ?thinipun,
    Sanajan t?ading buda,
    Tan pradeba budi panduming dumadi,
    Marsudi ing kotaman.
    [ H O M E ]