Iku ngalamate akeh wong pitenah, lan akeh wong kacilakan.
Gerhana ing sasi Sapar
Iku ngalamate segoro surut lan kali akeh kang asat. Larang udan, nanging akhire akeh angin lan udan
Gerhana ing sasi Mulud
Iku ngalamate bakal akeh udan lan angin>
Gerhana ing sasi Robi'ul akhir
Iku ngalamate akeh wong sugih ngalih panggonan, wong kang cupet akeh kang podo kangelan
Gerhana ing sasi Jumadil awal
Iku ngalamate akeh udan thathit lan bledeg sesamberan
Gerhana ing sasi Jumadil Akhir
Iku ngalamate lana sakehing tetanduran, gogo gampang pakolehe. Murah gampang golek pangan, murah kang sarwo tinuku, gampang golek kanikmatan
Gerhana ing sasi Rejeb
Iku ngalamate akeh wong kacingkrangan 'kekurangan'. akeh wong padudon, akeh bilahi lan akeh bledeg sesamberan
Gerhana ing sasi Ruwah
Iku ngalamate wong nenandur kabecikan, akeh wong manjurung puji
Gerhana ing sasi Poso
Iku ngalamate akeh wong bungah-bungah, nanging ono pageblug
Gerhana ing sasi Sawal
Iku ngalamate akeh barat gede, panggede podo tukaran, akeh leloro lan pepati
Gerhana ing sasi Dulkaidah
Iku ngalamate akeh lesus 'angin gede'. Kekayon akeh sol angowahake bumi
Gerhana ing sasi Besar
Iku ngalamate akeh wong kang podo bungah, lan akeh wong podo munggah kaji asuko-sukoJONGKO JOYO BOYO
00. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran 01. Tanah Jawa kalungan wesi. 02. Prahu mlaku ing dhuwur awang- awang 03. Kali ilang kedhunge 04. Pasar ilang kumandhang 05. Iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak 06. Bumi saya suwe saya mengkeret 07. Sekilan bumi dipajeki 08. Jaran doyan mangan sambel 09. Wong wadon nganggo pakeyan lanang 10. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman 11. Akeh janji ora ditetepi 12. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe 13. Manungsa padha seneng nyalahke 14. Ora ngendahake hukum Allah 15. Barang jahat diangkat-angkat 16. Barang suci dibenci 17. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit 18. Lali kamanungsan 19. Lali kabecikan 20. Lali sanak lali kadang 21. Akeh bapa lali anak 22. Akeh anak wani nglawan ibu 23. Nantang bapa 24. Sedulur padha cidra 25. Kulawarga padha curiga 26. Kanca dadi mungsuh 27. Akeh manungsa lali asale 28. Ukuman Ratu ora adil 29. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil 30. Akeh kelakuan sing ganjil 31. Wong apik-apik padha kapencil
32. Akeh wong nyambut gawe apik- apik padha krasa isin 33. Luwih utama ngapusi 34. Wegah nyambut gawe 35. Kepingin urip mewah 36. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka 37. Wong bener thenger-thenger 38. Wong salah bungah 39. Wong apik ditampik-tampik 40. Wong jahat munggah pangkat 41. Wong agung kasinggung 42. Wong ala kapuja 43. Wong wadon ilang kawirangane 44. Wong lanang ilang kaprawirane 45. Akeh wong lanang ora duwe bojo 46. Akeh wong wadon ora setya marang bojone 47. Akeh ibu padha ngedol anake 48. Akeh wong wadon ngedol awake 49. Akeh wong ijol bebojo 50. Wong wadon nunggang jaran 51. Wong lanang linggih plangki 52 . Randha seuang loro 53. Prawan seaga lima 54. Dhudha pincang laku sembilan uang 55. Akeh wong ngedol ngelmu 56. Akeh wong ngaku-aku 57. Njabane putih njerone dhadhuTAFSIR MIMPIAdus embun ing pucuk gunung, iku bakal katekan hajate lan seneng pikireNgimpi andulu ing bengawan, iku bakal antuk kabegjanYen ngimpi Nglangi ing bengawan / ing kali, iku bakal luput lan adoh sembarang karepeYen slulup ing banyu, tandane bakal oleh sandang pangananYen ngimpi ngombe banyu bengawan, pratondo bakal katekan sedyane. Andulu ing banyu bening, pratondo bakal oleh artoYen ngimpi Ngombe banyu bening, pratondo bakal antuk sukoNgombe banyu kendil, pratondo bakal tambah dosaneYen ngimpi Slulup sarto ngombe banyu, pratondo becik teguh imaneNgimpi Ngombe banyu segoro, pratondo bakal luput ing panggawe oloaO Ngombe banyu telogo, pratondo bakal kepenak uripeYen ngimpi sikile metu banyune, pratondo bakal dadi pangulu.
Adus embun ing pucuk gunung, iku bakal katekan hajate lan seneng pikire Ngimpi andulu ing bengawan, iku bakal antuk kabegjanaO Yen ngimpi Nglangi ing bengawan / ing kali, iku bakal luput lan adoh sembarang karepeYen slulup ing banyu, tandane bakal oleh sandang panganYen ngimpi ngombe banyu bengawan, pratondo bakal katekan sedyaneAndulu ing banyu bening, pratondo bakal oleh artoYen ngimpi Ngombe banyu bening, pratondo bakal antuk sukoNgombe banyu kendil, pratondo bakal tambah dosaneYen ngimpi Slulup sarto ngombe banyu, pratondo becik teguh imaneNgimpi Ngombe banyu segoro, pratondo bakal luput ing panggawe oloNgombe banyu telogo, pratondo bakal kepenak uripeYen ngimpi sikile metu banyune, pratondo bakal dadi pangulu Ketemu kanjeng Nabi Muhammad SAW. iku bakal jembar budine, padang angen2ne, sugih ilmu linuwih kang ga'ib2 sarto oleh nugrahaning Alloh SWTKetemu nabi Adam AS, iku bakal oleh kanugrahaning Gusti Alloh SWTYen ngimpi Ketemu nabi Isa AS, pratondo akeh oloneNgimpi Weruh swargo kang endah, pratondo bakal katekan sedyanYen ngimpi weruh widodari, iku bakal munggah derajateYen weruh Malaikat, pratondo bakal sugih bondoNgimpi weruh neroko, iku bakal antuk dosaNgimpi moco Qur'an utowo dedonga, iku bakal tambah rojo darbe'e lan gede ngupangateSholat madep ing Kiblat, pratondo bakal antuk kasampurnan sarto yen dagang anthuk bathi akehNgimpi weruh gurune, iku bakal antuk sih ing Hyang WidhiYen ngimpi Weruh gurune udo, iku bakal resik budine yen ngimpi weruh kilat lan krungu suarane gludug, tandane bakal sudo rejekineyen andulu mego angaubi, pratondo bakal katekan sembarang hajateweruh lintang medun neng omahe, iku bakal antuk kabejan gedeyen weruh srengenge lan mbulan katone adoh, pratondo bakal dowo umure.aO yen weruh srengenge mung katon separo-, pratondo bakal ono perangyen weruh lintang lan kilat thathit, mongko bakal oleh kaweruhsumurup srengenge tibo ing bumi utowo omah, iku bakal antuk kemenangan lan kajen keringanyen weruh mego, pratondo bakal sudo rejekineyen weruh mego putih, iku pratondo becik, akeh rejekineyen weruh mbulan njedul ing sakduwuring omahe, iku pratondo bakal ono wong kang ngarah oloyen weruh sengenge, pratondo bakal padang atineyen weruh rembulan lan srengenge, iku bakal ono kerusakan ing desaneMimpi giginya rontok, tapi tak ada darahnya. Berarti akan ada sedikit kesusahanMimpi sedang sisiran, berarti akan keluar dari kesusahanMimpi ngasih hormat pada orang tua, maka akan dapat rejekiMimpi naik ke atas pohon, maka akan terkabul semua hajatnyaMimpi membuka pakaian, maka akan kehilangan uangMimpi pake baju dengan kancing mengkilap, berarti berada dalam kesukaranPake pakaian orang berpangkat, maka akan dapat rejekiMimpi pake pakaian prajurit, maka akan dapat kesusahanPake pakaian orang mati, maka akan terima uang / dapat kedudukan bagusMimpi pake pakaian orang miskin, berarti akan dapat rejeki atau kebaikanBerada dalam penjara, berarti akan keluar dari kesusahanMelihat jembatan, berarti akan dapat pekerjaanMimpi bikin rumah, berarti tak lama lagi akan menikah Ngimpi entuk pithik babon, pratondo bakal duwe anak wadonNgimpi entuk jago utowo adu jago, pratondo bakal duwe anak bagus rupaneNgimpi mangan iwak menjangan, iku bakal antuk duwitNgimpi omahe akeh bathange, pratondo bakal akeh rejekineWeruh ing longane ono pithik akeh, iku bakal sugih rewangWeruh daging pitik utowo ndase, iku bakal oleh kebecikanWeruh dakar wedus, pratondo bakal ilang kesugihane lan yen loro warasNgimpi numpak onta utawo jaran, iku bakal antuk kamulyanNgimpi oleh manuk, bakal antuk wanodyo kang ayu rupane Mangan daging gajah, iku bakal akeh rejekineYen ngimpi Weruh gajah emas, iku bakal antuk begjaneWeruh ulo mandi (welang) utowo macan gembong, pratondo bakal antuk fitnahKecedaan macan, yen nganti digondol adoh. iku bakal kinasihan lurahe lan kinasihan ing wong agungDicakot ulo mandi / welang, iku bakal kinasihan ing wanito / priyoNgimpi Weruh getih pithik, pratondo opo kang dikarepake bakal keturutanaO Ngimpi njolo iwak, iku bakal ono rejeki tekoYen ngimpi weruh pithik, iku bakal seneng atinePayungan payung anyar, iku bakal antuk rojobronoNgimpi nangis, pratondo bakal antuk kabegjanNgimpi sedekah utowo zakat, iku bakal akeh rejekineWeruh wong gawe pager, iku bakal luput soko panggawe olo Munggah prau kang endah, iku bakal ilang sugihe Omahe rusak, pratondo bakal nandang prihatinNgimpi weruh watu, iku bakal ilang prihatine Yen ngimpi Weruh gunung gedhe, pratondo bakal tentrem atine Mabur ing awang2, iku bakal jembar tebane Tandurane podo rubuh, pratondo bakal sudo rejekine Tandurane katon lemu, iku bakal akeh rejekine Ngimpi nikah utowo rabi, iku bakal antuk wesi aji, biso ugo duroko Ngimpi antuk keris, pratondo cepak jodone Gempil warangkaning kerise, iku bakal kelangan bojo utowo ditinggal purik Weruh prau gedhe, iku bakal antuk kanugrahan Weruh damar murup, pratondo bakal katekan hajate Ngimpi disamber bledeg. iku becik, bakal kadunungan karahayon lan kinasihan ing wong gedheNGALAMAT KEDUTEN
Saranduning awak kabeh, arep seneng ndeleng kaendahan.
sirahe, arep oleh dahulate ratu.
embun2an, arep dadi mantri.
bathuk tengen, arep oleh arta.
bathuk kiwa, arep nemu suka.
alis tengen, arep oleh arta.
alis kiwa, arep ketemu kekasih.
tlapukan mripat tengen dhuwur, arep oleh arta.
tlapukan mripat tengen ngisor, arep nemu kasusahan.
tlapukan mripat kiwo nduwur, arep oleh kabecikan.
tlapukan mripat kiwo ngisor, arep nangis.
tadah luh tengen, arep nangis.
tadah loh kiwo, luwar saka prihatin.
papadoning mripat tengen, arep ningali kekasihe.
papadoning mripat kiwo, arep kasusahan.
wrejilane mripat tengen, arep nangisi wong mati.
wrejilane mripat kiwa, arep ningali wong saka desa.aO
pipi tengen, arep dipanggawe wong.
pipi kiwo, arep lara.irung sisih tengen, arep oleh arta halal.
irung sisih kiwo, arep ketemu kekasihe.
lambe tengen duwur, arep oleh pangan.
lambe tengen ngisor arep kepenak awake.
lambe kiwo nduwur, arep rarasan karo sanake.
lambe kiwo ngisor, arep oleh gawean becik.
tengah lambe nduwur, arep tukaran.
tengah lambe ngisor, arep mangan enak.
kuping tengen, arep ketemu sanake.
kuping kiwo, arep nemu ujar becik.
janggut tengen, arep dimumule wong agung.
janggut kiwo, arep ketemu wong agung diparingi gawean.
gulu tengen, arep lara epeh.
gulu kiwo, arep lara,nanging gelis waras.
pundak tengen, krabate nemu lara.
pundak kiwo, arep dimumule wong wadon.
pundak kiwo tengen, arep lara.
bau tengen, arep tukaran.
bau kiwo, arep lara.
geger tengen, ana wong utang duwit.
ulo2, arep lara/susah.
geger kiwo, arep nemu kabejan.
dada tengen, arep ketemu kekasihe.
dada kiwo, arep weruh wanita ayu banget.
dada ing tengah, arep oleh kabejan.
susu tengen, arep oleh arta.
susu kiwo, arep ketekan mantri.
weteng tengen, arep oleh rejeki akeh.
weteng kiwo, arep oleh arta akeh.
aO Puser (wudel), arep oleh kanugrahaning Allah.
kekempong kiwo, arep duwe anak.
kekempong tengen arep oleh wanita.
atine, arep oleh arta.
tangane tengen utawa kiwo, arep oleh arta.
epek2 tengen, arep oleh arta.
epek2 kiwo, arep oleh babathen saka dol tinuku.
lengen tengen, arep oleh rejeki.
lengen kiwo, arep oleh arta.
sikut tengen, atine nemu ora kepenak.
sikut kiwo, arep oleh duduka.
driji manis tangan tengen, arep oleh arta.
driji manis tangan kiwo, arep oleh wanita.
jenthik tangan tengen, arep dipupu wong.
selaning driji tangan tengen, arep oleh seneng.
selaning driji tangan kiwo, arep kinasihan wong gede.
jempol tangan tengen, arep oleh bojo becik.
jempol tangan kiwo, arep oleh jodo.panuding tangan kiwo, arep kawirangan.
panuding tangan tengen, arep oleh pagaweyan.
panunggul tangan tengen, arep lara.
panungul tangan kiwo, arep susah.
lambung tengen, arep nemu susah.
lambung kiwo, arep muring.
bangkekan tengen, arep oleh kabecikan.
bangkekan kiwo, arep dhuweni asih marang wong liya.
purus kiwo, arep jimak.
purus tengen, arep dadi pangulu.
bokong tengen, arep ana wong teka.
bokong kiwo, sihing Allah arep teka.
yen kang keduten wanita, bokonge tengen/kiwo wanita arep oleh bojo.
pupu tengen, arep lumaku /tetemon karo wadon.
pupu kiwo, arep ono wong kang gawa arta. yen lara, ana wong kang gawa tombo.
cingklok tengen, arep dimumule wong.
cingklok kiwo, arep oleh arta.
wentis tengen, arep tukaran.
wentis kiwo, arep ketemu sanake.
gares tengen, arep lelungan.
gares kiwo, arep diundang wong.
dlamakan tengen, arep nemu serik.
dlamakan kiwo, arep lelungan adoh.
sela selaning driji sikil tengen, arep oleh gawe.
sela selaning driji sikil kiwo, arep oleh jodho.
sikil tengen/kiwo, arep oleh arta,utawa karawuhan priyayi.
dzakar/farjine, duwe karep ora biso kawetu.
dubur, nemu lara.
gorokan tengen, arep nemu bebaya.
gorokan kiwo, arep nemu kasusahan gedhe.
githok tengen, arep nemu untung.
githok kiwo, arep weweh.
pagelangan tangan kiwo, arep kinasihan wong agung.
pagelangan tangan tengen, arep oleh wahyu becik.NGALAMAT LINOHUaO 1. Yen ono lindu ing sasi Suro :
a. Yen awan : Bakal akeh wong susah prihatin.
b. Yen bengi : Poro tani ora nduwe kauntungan, larang pangan, akeh wong mati.
2. Yen ono lindu ing sasi Sapar :
a. Yen awan : Wong tani akeh sing kaluwen, lan akeh leloro.
b. Yen bengi : Wong mukmin akeh nikmate.
3. Yen ono lindu ing sasi Mulud.
a. Yen awan : Akeh wong agawe pihala utowo kasusahan.
b. Yen bengi : Akeh udan.
4. Yen ono lindu ing sasi Rabingul_akhir :
a. Yen wayah awan ngalamate : Akeh wong mati, nanging rojo koyo kanggo kaperluan tani akeh tur lemu_lemu.
b. Yen wayah bengi ngalamate : Wong mukmin akeh nikmate.
5. Yen ono lindu ing sasi Jumadil_awal :
a. Yen awan : Akeh wong memungsuhan.
b. Yen bengi : Akeh panas kakayon tanpo woh, biso kembang nanging ora awoh.
6. Yen ono lindu ing sasi Jumadil_akhir.
a. Yen awan : Reregan kebo sapi larang, lan larang pangan.
b. Yen bengi : Akeh wong nom_noman kang mati.
7. Yen ono lindu ing sasi Rejeb.
a. Yen awan : Akeh wong memungsuhan.
b. Yen bengi : Akeh wong mati.
8. Yen ono lindu ing sasi Ruwah :
a. Yen awan : Akeh wong mati.
b. Yen bengi : Akeh beras lan pari.
9. Yen ono lindu ing sasi Poso :
a. Yen awan : Akeh wong mati.
b. Yen bengi : Wong ndeso akeh kang memungsuhan.
10. Yen ono lindu ing sasi Syawal :
a. Yen awan : Akeh wong nangis jalaran akeh leloro.
b. Yen bengi : Akeh wong ndeso kang podo lelungan.
11. Yen ono lindu ing sasi Dulkangidah :
a. Yen awan : Poro pengulu podo memungsuhan sepodo pengulu.
b. Yen bengi : Akeh wong padu lan akeh wong nikmat.
12. Yen ono lindu ing sasi Besar :
a. Yen awan : Akeh wong prihatin, lan akeh kebo sapi podo mati.
b. Yen bengi : Akeh deso kang rusak, akeh murah beras pari.PETUNG PANCA SUDAWATAKING MANUNGSA SAKA DINA KALAIRANE Dina Ahad Legi, Sumur Sinaba Paing, Wasesa Sagaraa Pon, Bumi Kapethak Wage, Satria Wibawa Kliwon, Lebu Katiyub AnginDina Kemis Legi, Satria Wibawa Paing, Lebu Katiyup Angin Pon, Satria Wibawa Wage, Tunggak Semi Kliwon, Bumi Kapethak Dina Senen Legi, Tunggak Semi Paing, Wasesa Sagara Pon, Sumur Sinaba Wage, Wasesa Sagara Kliwon, Satria Wirang Dina Jum'at Legi, Satria Wirang Paing, Tunggak Semi Pon, Lebu katiyup Anging Wage, Sumur Sinaba Kliwon, Wasesa Sagara Dina Selasa
Legi, Wasesa Segara
Paing, Satria Wirang
Pon, Satria Wibawa
Wage, Lebu Katiyub Angin
Kliwon, Sumur SinabaDina Sabtu
Legi, Bumi Kapethak
Paing, Satria Wibawa
Pon, Wasesa Sagara
Wage, Satria Wirang
Kliwon, Tunggak SemiaOcDina Rebo
Legi, Sumur Sinaba
Paing, Wasesa Segara
Pon, Bumi Kapethak
Wage, Satria Wibawa
Kliwon, Lebu Katiyub AnginPANCASUDA RABI
Kangge nikahake temanten. Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten, miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi :NEPTUNING DINA LAN NEPTUNING PASARAN
Ahad neptune 3
Senen neptune 4
Selasa neptune 5
Rabu neptune 6
Kemis neptune 7
Jumat neptune 1
Sabtu neptune 2
Legi neptune 2
Pahing neptune 3
Pon neptune 4
Wage neptune 5
Kliwon neptune 1Lamun gunggungan saka neptuning dina lan neptuning pasaran mau tinemu wilangan :7, iku tiba petungan : Nuju Padu, watake panganten utawa wong tuwane tansah tukar padu nganti salawase.2 utawa 8, iku petungan : Demang Kandhuruhan, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu lara3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu bungah lan seneng.4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu karaharjan lan kasenengan.5 utawa 11, iku petungan : Menjangan Ketawan, watake panganten utawa wong tuwane sok kelangan utawa wong akeh sok ana kang duwe niat ala marang dheweke.6 utawa 12, iku petungan : Nuju Pati, watake panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa pegat urip, tur akeh kasusahan kang tinemu.SEJARAH DINTEN PEKENAN WULAN TAUN PAWUKON SA'AT TUWIN WINDU
Kanjeng Nabi Idris saweg jumeneng Nata wonten ing nagari Malebari, punika karsa angleluri, anulad amastani dinten. Semanten etanging taun surya 1020 taun awit saking Kanjeng Nabi Adam. Ing ngandhap punika pratelanipun dinten
Samsu
Kammar
Marih
'Atarit
Mustari
Johar
Jokal Punika panganggitipun dinten ingkang kaping sepisan. Nomer kekalih Kanjeng Nabi Idris, saweg jumeneng Nata wonten nagari ing Babel, lajeng Kanjeng Sultan Harmasulhakim, karsa anganggit amastani adamel dinten malih, anuju ing taun surya 1028. Ing ngandhap punika pratelanipun dinten
Awal
Ahwal
Dibar
Jibar
Munisa
Arobah
Sayar
Punika panganggitipun dinten ingkang kaping kalih Ing ngandhap punika etangan warsa:
Kamal
Sur
oja
Sirtan
Asat
Sunbullah
Mijan
Akrab
Kus
Jadi
Dalwi
Kut Wonten ing P. Jawa ingkang jumeneng Nata Sri Maha Raja Buddhawaka, negari ing Gilingwesi, anenulad anganggit dinten
ingakng setunggal dinten 5
kekalih dinten 7
tetiga wanci 5 dipun wastani sa'at
sekawan masa
panganggitipun Resi Raddhi sakawan wau sinangkalan : Masa angler manglar (taun 296) Dinten 5
Legi
Paing
Pon
Wage
Kliwon
Dinten 7
Radite
Soma
Anggara
Buddha
Respati
Sukra
Saniscara
Wanci 5
Maheswara
Bisnu
Brahma
Sri
Kala
Masa 12:
Kartika
Pusa
Manggasri
Sitra
Manggakala
Naya
Palguna
Wisaka
Jita
Srawana
Padrawana
Asuji
Jumeneng Ratu Rama ing Ayodya, Kraton binathara, ambawahaken tanah Hindhu sadaya, pujangga tetiga, sami anganggit lambang piyambak-piyambak, dipunwastani windu, panganggitipun windu, empu tetiga wau, sinangkalan : Rasa warna suci (446) Windu anggitanipun Resi Walmiki: