80s toys - Atari. I still have
Makamkotagede

Pasareyan kotagede ngayojokarto papanipun wonten sakidulipun peken kotagede, ing mriku pasareyanipun rojo mataram ingkang sepisan injih meniko Panembahan Senopati, ing mriku ugi wonten pasarayenipun Ki Ageng Pemanahan injih ramanipun Panembahan Senopati, ing mriku ugi wonten pasareyanipun Nyi Ageng Nis injih meniko biyungipun Ki Ageng Pemanahan

Ing pasareyan kotagede ugi wonten pasareyanipun Ki Ageng Mangir putro mantunipun Panembahan senopati, ananging wonten bab ingkang narik kawigatosan, makamipun Ki Ageng Mangir sepalih wonteng ing njawi pager pasareyan sepalih malih wonten saklebetipun pager pasareyan, menika saged kadadosan amargi Ki Ageng Mangir menika mengsahipun Mataram ananging ugi dados putro mantunipun Panembahan Senopati

Wonten sakidulipun pasareyan wonten sendang naminipun sendang seliran, ing jaman mataram rumiyin sendang menika kangge padusan poro selir rojo mataram milo dipun wastani sendang seliran, ananging wonten sendang sanesipun ing langkung rumiyin wontenipun injih meniko sendang kemuning langkung di mangertosi ngakatah kanti nami sumber kemuning


Wonten sakidulipun malih wonten tapak tilas ingkang narik kawigatason injih meniko awujud benteng inkang jebol, puniko tapak tilasipun Raden Ronggo putranipun Panembahan Senopati naliko dipun dugang ramanipun, awit kasektenipun Panembahan Senopati Raden Ronggo kontal ngengingi tembok ngantos jebol tembokipun ananging Raden Ronggo menika inggih tiyang kinacek dadosipun inggih mbotenmenapa menapa
[ H O M E ]