Aja kureb ajang = Sakwuse madhang ajange becike isahana disik
Aja mangan ing peturon = Amarga bisa ngregedi peturon
Aja ngidoni sumur mundhak suwing lambemu = Amarga njalari banyune sumur dadi reged
Aja nyapu dalu = Lumrahe ora bisa resik yen nyapu dalu
Aja lungguh bantal mundhak wudunen = Bantal iku kajang sirah, saru yen dilungguhi
Aja mangan sangga ajang = Amarga gampang wutah yen mangan sangga ajang
Aja ngendheg uwuh = Bisa ngregedi papan liya yen kabur kanginan
Aja gawe sumur ing emper omah = Bisa bebayani wong liwat
Aja seneng ndhekok = Amarga esuk iku wayah nyambut gawe, dudu wayah ndhekok (turu esuk)
Ora ilok wanita lungguh jegang = Saru yen disawangKEROTO BOSO
Bapak = Bab apa apa pepak
Berkat = Mak breg diangkat
Cengkir = Kencenging pikir
Dongeng = Dipaido keneng
Garwa = Sigarane nyawa
Gedhang = Digeget bubar madhang
Guru = Digugu lan ditiru
Kathok = Diangkat baka sithok
Kuping = Kaku tur njepiping
Kutang = Sikute diutang
Maling = Amale wong ora eling
Mantu = Dieman eman mekso metu
Saru = Kasar lan keliru
Sopir = Yen ngaso mampir
Sruwal = Saru yen nganti uwal
Tandur = Nata karo mundur
Tarub = Ditata supaya katon murub
Tebu = Mantepe nek wis mlebu
Tepas = Nitipke napas
Wanita = Wani ing tata
Wedang = Ngawe kadang
Weteng = Ruwet tur petengKURO BOSO Tembung rura basa ateges basa rusak, basa kang wis luput kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena dibenerake jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake. Tuladhane kaya ing ngisor iki :
01. adang sega, benere: adang beras supaya dadi sega
02. njait Klambu. benere: njait bahan/kain supaya dadi klambi
03. mbunteli tempe, benere: mbunteli kedhele kang wis digodhog lan dirageni, supaya dadi tempe.
04. menek krambil, benere: menek wit krambil, yaiku glugu.
Anak polah bapa kepradhah = Wong tuwo nemu ribed amarga polahe anak
Andhang andhang tetesing embun = Njagakake barang mung saolehe bae
Ancik ancik pucuking eri = Wong kang tansah sumelang yen kaluputan
Bathok bolu isi madu = Wong asor nanging sugih kapinteran
Bebek mungsuh mliwis = Wong pinter mungsuh wong pinter
Bubuk oleh leng = Duwe niyat ala oleh dalan
Cebol nggayuh lintang = Duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon
Cecak nguntal empyak = Gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane
Cedhak celeng boloten = Cedhak karo wong ala njalari katut ala
Desa mawa cara,negara mawa tata = Saben panggonan duweni pengadatan dhewe dhewe
Diwenehi ati ngrogoh rempela = Diwenehi sathithik nyuwun sing akeh
Dudu berase ditempurake = Nyambung guneme liyan nanging ora gathuk
Emprit ambuntut bedhug = Prakara sepele dadi gedhe
Endhas gundhul dikepeti = Wis kepenak ditambahi luwih kepenak maneh
Esuk dhele sore tempe = Ora manteban ati ( mencla mencle)TEMBUNG PLUTAN
Tembung plutan yaiku tembung kang wandane loro kang dirangkep didadekake sawanda.
01. para dadi pra
02. kiyat dadi kyat
03. suwara dadi swara
04. murih dadi mrih
05. weruh dadi wruh
06. sari dadi sri
07. suwarga dadi swarga
08. sarana dadi srana
09. dicuwowo dadi dicwowo
10. suwasa dadi swasa
11. kuluban dadi kluban
12. gumerit dadi gumrit
13. kuwalon dadi kwalon
14. deres dadi dres
15. kuwasa dadi kwasa
16. serat dadi srat
17. purihen dadi prihen
18. keras dadi kras
9. dereng dadi dreng
20. sinarawedi dadi sinrawedi
21. samaya dadi smaya
22. seret dadi sret
23. sumangkeyan dadi smangkeyan
24. sakarepmu dadi skarepmu
25. saprongkal dadi sprongkal
26. ketambuhan dadi ktambuhan
27. telulikur dadi tlulikur
28. suwidak dadi swidak
29. suwasa dadi swasa
30. pinerang dadi pinrang
31. cuwiri dadi cwiri
32. welas dadi wlas
33. gumantung dadi gmantung
34. sinerang dadi sinrangTEMBUNG SANDI
Tembung sandhi utawa tembung garban yaiku tembung gandhengan utawa tembung rerangken loro kang banjur suda gunggung wandane Wewatone tembung sandhi/garban : [1] a + a = atuladha : sesotya + adi = sesotyadi[2] a + i = etuladha : parama + iswara = parameswara[3] a + u = otuladha : sara + utama = sarotama[4] a + o = otuladha :aOcdadya + ojat = dadyojat[5] i + i = ituladha :siti + inggil = sitinggilaOc[6] i + a = yatuladha :aOclagi + antuk = lagyantuk[7] u + a = watuladha :aOcmasku + ari = maskwari[8] u + i = wi tuladha :aOcmunggu + ing = munggwing[9] o + a = watuladha:aOckebo + alasan = kebwalasan Pepenget :
1. Tembung kang kena digarba yaiku kang awasana vokal karo tembung kang apurwa vokal.
2. Tembung kang awasana 'h' kena disandi/digarba karo tembung liya kang apurwa vokal sarana mbuwang aksara 'h' mau.aOcUmpamane : sugih + harta = sugyarta ; taksih + alit = taksyalit
3. Sandi u + i ana kang bisa dadi 'we', umpamane : malebu + ing = malebweng.
4. Tembung garban kang nuwuhake swara 'y' diarani garba sutraye, umpamane ; dupi + arsa = dupyarsa.
5. Tembung garban kang nuwuhake swara 'w' diaraani garba sutrawam, umpamane : wadu + aji = wadwaji.SANEPO
Ambune arum jamban : Banger banget
Balunge atos debog : Empuk banget
Cahyaning abang dluwang : Pucet banget
Dedege dhuwur kencur : Cendhek banget
Eseme pait madu : Manis banget
Kaweruhe jero tapak meri : Cethek banget
Lemune benjo tampah : Bunder
banget
Pikirane landhep dhengkul : Bodho banget
Rasane legi bratawali : Pait banget
Tatune arang krangjang : Akeh banget
Ulate bening leri : Mrengut banget
Wektune suwe mijet wohing ranti : Sedhela bangetTEMBUNG SAROJO
Tembung saroja yaiku tembung rangkep, maksude tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese dienggo bebarengan
001. Amrik-minging
002. Andhap-asor
003. Akal-budhi
004. Arum-wangi
005. Adi-luhung
006. Angkat-junjung
007. Angkara-murka
008. Bujana-andrawina
009.
Bayu-bajra
010. Babak-bundhas
011.
Budi-pakart
012. Buka-sakawit
013. Baya-pakewuh
014. Candhak-cekel
015.
Dana-driya
016. Dhawuh-timbalan
017. Ciri-wanci
018. Dhedhep-tidhem
019. Edi-peni
020. Endah-peni
021. Enak-mirasa
022Gandheng-renteng
023. Gendheng-ceneng
024.Guntur-ketug
025. Geter-pater
026. Gandhes-luwes
027. Campur-adhuk
028. Glogok-sok
029. Gepok-senggol
030. Gilir-gumanti
031. Guna-kasantikan
032. Godha-rencana
033. Gagah-perkosa
034. Ewuh-pakewuh
035. Iguh-pratikel
036. Jubriya-kibir
037. Jarah-rayah
038. Jebat-kasturi
039. Jungkir-walik
040. Japa-mantra
041. Jugul-mudha
042. Krama-niti
043. Kukuh-bakuh
044. Kengkeng-bangkeng
045. Kajen-keringan
046. Kepalu-kepenthung
047. Kasep-lalu
048. Kesampar-kesandhung
049. Kapok-kawus
050. Kebo-ndanu
051. Lir-pendah
052. Lagak-lageyan
053. Lagak-lagu
054. Lalu-lungse
055. Murub-mubyar
056. Malang-megung
057. Mula-buka
058. Mukti-wibawa
059. Mudha-dama
060. Mudha-pingging
061. Mudha-punggung
062. Mudha-tumaruna
063. Nistha-dama
064. Nungsang-njempalik
065. Nistha-papa
066. Nenes-kenes
067. Papa-cintraka
068. Puji-pandonga
069. Puja-semedi
070. Perang-musuh
071. Perang-tanding
072. Nila-widuri
073. Pasang-rakit
074. Rame-gumuruh
075. Rahayu-slamet
076. Sindhung-riwut
077. Sih-wilasa
078. Sak-serik
079. Sri-Narendra
080. Solah-bawa
081. Solah-tingkah
082. Setya-tuhu
083. Sotya-retna
084. Sindhung-aliwar
085. Sumbang-surung
086. Sato-kewan
087. Sinuba-sinukarta
088. Suka-rena
089. Sarat-masrut
090. Sabar-drana
091. Sih-tresna
092. Sayuk-rukun
093. Sungsun-timbun
094. Kongas-ngampar
095. Tumpang-tindih
096. Teguh-prakosa
097. Tata-krama
098. Tindak-tanduk
099. Tandang-grayang
100. Tri-gumuruh
101. Tapak-tilas
102. Tambal-sulam
103. Tingkah-laku
104. Tingkah-solah
105. Tumpuk-undhung
106. Tepa-tuladha
107. Tepa-palupi
108. Tata-trapsila
109. Umyang-gumuruh
110. Utang-selang
111. Wantak-wantu
112. Wandu-wandana
113. Wulang-wurukTEMBUNG YOGASWARA
Tembung yogaswara iku tembung loro ateges lanang-wadon kang mung beda wandane wekasan. Dene bedane yaiku wandane kang ngarep mawa swara "a", tembunge kang mburi mawa swara "i"